Upacara ambal warsa ing adat jawa



Yüklə 21,03 Kb.
tarix25.03.2017
ölçüsü21,03 Kb.
#12500
UPACARA AMBAL WARSA ING ADAT JAWA

  • (kalo bisa cari uba rampe nya sekalian dan gambar yang mendukung saat presentasi)

Ambal warsa menika pengetan dinten klairan manungsa ingkang dados pratandha wontene dinten wiwitanipun panggesangan, wonten ing saknjabane kandhutan. Pengetan ambal warsa saged dipengeti kanthi ngawontenaken pahargyan (pesta) pengetan ambal warsa jroning kulawarga utawi para sanak kadang kalihan tangga teparo

  • Ambal warsa dipunbentenakan woten manika warna :

  1. Brokohan (kalo bisa cari uba rampe nya sekalian dan gambar yang mendukung saat presentasi)

  • Brokohan salahsatunggaling upacara adat Jawi kangge nyambut kelairan bayi. Barokohan nggadhahi makna ngaturaken syukur awit kaberkahan wilujeng anggenipun lairan.

  • Biasanipun diwontenaken sedinten ba’da lairan

  • Brokohan asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" ingkang maknane ngarepake berkah.

  • Dhaharan ingkang kangge slametan inggih menika : sekul tumpeng, uraban bumbu pedhes tandha si bayi lanang, gereh, jajanan pasar, bubur abrit- pethak, jangan lodheh kluwih supaya rejekine linuwih .

  • Upacara menika dipun wiwiti kalihan mendhem ari-ari bayi lajeng mbageaken sesajen utawi dhaharan ingkang kangge slametan wau

  1. Sepasaran (kalo bisa cari uba rampe nya sekalian dan gambar yang mendukung saat presentasi)

  • Bancakaan bayi umur 5 dinten, sinebat SEPASARAN BAYI. Bayi umur 5 (lima) dint diwontenaken slametan sepasaran.Bayi kaparingan nama sarta rambut bayi dicukur (digunting) sithik.

  • Intinipun acara inggih menika kangge raos syukur kalihan ngumumaken nama bayi ingkang lair.

  • Dhaharan kangge slametan menika minuman kalihan jajanan pasar.




  1. Selapanan

  • Bancakan bayi umur 35 dinten sinebat SELAPANAN BAYI. Saksampunipun uba rampe dados, tiyang sepuhipun jabang bayi donga miturut agama.Donga kaajab supaya jabang bayi saged dados putra ingkang mikul dhuwur mendhem jero dhateng Tiyang Sepuh. Slametan selapanan menika bayi umur 35 dina.Rambut bayi dicukur resik, supaya rambut bayi saged tuwuh ketel.

  • Dhaharan wonten ing acara inggih menika sekul tumpeng




  1. Tedhak Siten

  • Bancakan bayi umur 245 dina, sinebat PITUNG LAPAN bayi (Asring katindaake Upacara Tedhak Siten).




  1. Wetonan

  • Bancakan tiyang Jawi saben 35 dina,sinebat WETONAN. Weton minangka gabungan siklus kalender surya karlihan sistem kalender Jawi ngemot 5 dinten ing satunggal siklus, inggih menika pon, wage, kliwon, legi, paing.

  1. Ambal warsa

Bancakan tiyang Jawa saben 12 wulan, sinebat pendhak taun (AMBAL WARSA).Saperangan Tiyang Jawa mastani bancakan tiron

  1. Sewindunan

  • Bancakan bocah nalika umur 8 taun sinebat SEWINDUNAN (Windon) Nama taun ing Jawa naming ana wolu yaiku:

  1. Taun ke-1 : Alip

  2. Taun ke-2 : Ehe

  3. Taun ke-3 : Jimawal

  4. Taun ke-4 : Je

  5. Taun ke-5 : Dal

  6. Taun ke-6 : Be

  7. Taun ke-7 : Wawu

  8. Taun ke-8 : Jimakir



  1. Tumbuk Alit

  • Bancakan tiyang Jawi nalika umur 32 taun sinebat TUMBUK ALIT

  1. Tumbuk Ageng

  • Bancakan tiyang Jawi nalika umur 64 taun sinebat TUMBUK AGENG

  • Upacara Tumbuk Ageng minangka rerangken pengetan ambal warsa (8 taunX8=64 taun). Tembung Tumbuk Ageng asalipun saking tembung 'tumbuk' lan 'ageng'. Tumbuk tegese tempuk utawi nyarengi, dan 'ageng' tegese agung utawi gedhe.

  • Upacara tumbuk ageng kaanggep rowa, migunaake sesaji, yaiku:

Sega tumpeng gunggung 64 , jangan, lawuh, jenang, unjukan, ,buah-buahan,rujak,endhog pitik,wiji, bumbu-bumbu warna-warni Pacitan, ageman , woh-wohan,kewan, perhiasan


Upacara tumbuk ageng lumrahe tibane ngepasi dina weton,urut-urutane Upacara Tumbuk Ageng, yaiku:

  1. Angon Putu

Upacara angon putu nalika wanci enjing angon putra,wayah,buyut saperlu mlampah- mlampah kalihan blanja wonten peken.peken saged awujud peken tiron inggih menika ndamel peken alit wonten ing pekarangan omah.

  1. Congkongan

Wanci sore pukul 15.00-16.00 ditindaaken upacara congkogan,inggih menika

Tiyang sepuh ingkang dicongkogi dening putranipun cacah papat(disangga ngangge tebu wulung.Tebu wulung mralambangke antebing kalbu,wulung mralambangke golong-gilig manah tansah sumarah kalihan purba wasesa Gusti Kang Ndamel Gesang .Tiyang ingkang dicongkogi ngadeg wonten ing tengah latar dirubung anak,putu lan buyut. Papat putra kang nyongkog saking ngajeng,wingking,kiwa lan tengen.Menawa putranipun wonting ingkang sampun seda saged diganti putu.Saksampunipun tiyang sepuh menika saged ngadeg kanthi tegen (jejeg),para putra wayah buyut padha ngadeg adhep-adhepan saperlu mirengke pitutur,nyenyuwun berkah pangestu.



Makna upacara congkogan yaiku Tiyang Sepuh umur 64 taun nglenggana menawa sampun suda sakabehe.inggih menika kirang seger warasipun, kathah ngelu mulesipun ,suda pangrungon,suda pamawas. Tiyang sepuh saged dipunarani ringkih samubarangipun.Pramila Tiyang Sepuh butuh panyengkuyung (congkog) putra wayahipun.

  1. Andrawinan

Upacara andrawinan minangka upacara pungkasan ing rerangken upacara tumbuk ageng. Upacara katutup kanthi pangkas tumpeng, nyebar udhik-udhik, paring wasiat, sungkeman, dhahar kembul kalihan nanggap wayang kulit.Nanggap wayang kulit saged kaganti kanthi maosaken riwayat wiwit lair dumugi yuswa 64 warsa.
Yüklə 21,03 Kb.

Dostları ilə paylaş:




Verilənlər bazası müəlliflik hüququ ilə müdafiə olunur ©azkurs.org 2024
rəhbərliyinə müraciət

gir | qeydiyyatdan keç
    Ana səhifə


yükləyin